Senin, 25 Mei 2015

CERKAK

ORA KADUGA
Oleh: Fahimah Al Kayyis
XI MIA 2 / 28

Wengi wis ganti dadi esuk kaya Sepur monorel sing nglewati rel.
'' Tangiiiii Non Adel, tangi, wis awaan. Mengko telat anggone sekolah " Bulik nangekake  Adel sing angel tangi esuk.
'' Apa toh Bi, taksih jampinten, sakniki iku taksih esuuk bangeeet '' Adel banjur narik kemul maneh.
'' Nanging saiki wis jam 06:45 jam Non. Isih esuk nganti srengengene wis njedhul ning ndhuwur sirah, Non'' diterangno Bulik.
'' Apaaaaa jam 6:45?  kok ora ditangekake ket mau, Lik '' Adel dadi nesuni Bulik lan kesusu ing kolah.
Ing lorong ....
'' Nengendi ta kebo kae, suwi tenan mangkate. Kamangka mau uwis bel'' Kartika.
'' Halaah iku wis dadi pakulinan biasa dinggo kae '' ngandika Merry.
Ora let suwe...
'' Teeeeeng ......... ........ tenggg teeeeng ..... '' bel wis muni.
'' Hossssh ... hosssssh ..... enteni aku '' Adel nguber Kartika lan Merry.
''  Mlayu-mlayu kaya dioyak dhemit wae, hahahaha '' ngandikane  Merry.
'' Mau aku keawanen maneh, duh ''
'' Ora mung mau wae, ning ya SABEN DINO! '' uneke Kartika saking jengkele.
Akhire padha nglakoni kegiatan minangka mahasiswa sekolah .....
            Adelmenika anak tunggal saka kaluarga pangusaha gadget ingkang sukses wonten daerah Bandung. Wong tuwane mesthi mangkat esuk lan baline bengi banget. Adel anggone ketemu wong tuwane mung sadelak. Saben dina Adel mung dikancani Sopir kalihan Bulik ingkang ngerawat Adel wiwit bayi.
            Kadhangkala sawise sekolah, Adel ngajak sahabate bali neng omah kanggo ngancani dheweke lan ngerjake tugas sekolah. Kartika kalihan Mery seneng duwe kanca sing apikan kaya Adel. Nanging ana sifat elek sing ora disenengi sahabate, yaiku seneng foya-foya, amarga Adel nduwe wong tuwa sing sugih.
            Wong tuwane Adel menyang Singapura numpak Garuda amarga ana rapat sing ndadak karo pihak liyo. Rencanane dheweke arep kerja sama kaliyan pihak kui kanggo ngunggulake produk dheweke.
            Sakwise rapat rampung, wong tuwane Adel bali ning Bandung karo nggawa kabar sing nyeneake. Kabar kui yaiku bilih wong tuwane arep kerja ning omah kalih dinten.
            Dina sabanjure...
'' Nok, ayo tangi uwis awaan, Nok ''  ibune nggugah Adel.
'' Bulik, kok manggilnya ‘Nok’ tumben tenan.'' wangsulane Adel nalika ngulet.
'' Nok, niki sinten? "
'' Haaaah? Ibuuu? Ibuu kok neng kene? Lagi opo? Apa ora kerja? '' Adel kaget.
'' Ngene loh Nok ... '' ibu nerangna.
Adel banjur adus. Ibune nyiapakake bekal Adel lan Bapak nganterake Adel ning sekolah.
Sawise kalih dinten. Wong tuwane sibuk karo kerjaane lan Adelpun sibuk karo Kursus amarga dheweke wis kelas IX tindakake Ujian Nasional.
Sasi Kemudian, perusahaan sawise wis kerja sama karo tim Singapura bathine luwih okeh. Pungkasanipun kabeh tanggung jawab perusahaan diwenehi kanggo wong-wong mau amarga wong tuwane Adel wis percaya kalihan mereka.
Wulan dening sasi, kaya ana sing janggal ning ati, ana sing ora penak karo perusahaan. Nanging wong tuwane Adel tetep percaya kalihan pihak Singapura.
Kejanggalan kui metu kabeh, ketauanwong tuwane Adel. Perusahane uwis dijupuk kabeh karo pihak Singapura. Wong tuwane Adel diapusi karo mereka sing kejam. Keluargane Adel kudu pindah omah kan perusahane wis ilang.
Semenjak kui kehidupane keluarga Adel berubah drastis. Mereka menjadi keluarga sing sederhana, harmonis, lan njupuk hikmah seka masalahe mau.
Sahabate lan kanca-kanca ora nyanka bakal kedadean kaya ngene. Beritane wis kesebar sak sekolahan. Kabeh kanca ngolok-ngoloki Adel.
'' Hahahaaha, sapisan sugih banget nanging saiki melarate ampuuun, hahaha ''
'' Yen aku sih isin tenan, hahahahaha ''
'' Mulane aja sok nduwe wong tuwa sugih! ''
'' Uwiiis meneeng kabeeh!!! Kalian ora ngerti masalahe yo rasah melu ngolok-ngoloki !!! '' wangsulane Kartika nyeneni kanca-kanca.
Ngono terus olokan-olokan seka kanca-kancane. Adel mangkat sekolah, nangis terus amarga kanca-kancaora berhenti ngolok-ngoloki Adel, nanging sahabate ora pernah mandek nyemangati agar tahan seka masalahe kui. Sahabat sing apik kui, seneng lan susah kudu ning sampinge sahabate sing kena masalah, uduk pergi ninggalake sahabate sing nduwe masalah. Kartika lan Merry marahi kanca-kanca sing ngolok-ngoloki Adel.
Wong tuwane Adel donga karo Gusti Allah supaya mereka diberikan perlindungan dan kehidupan sing luwih apik meneh.
Mulai meneh seka awal. Meraka nyoba mbuka laundry ning omahe. Bapak ngambilake lan nganterake pakaian ning omah-omah tetanggane, Ibu ngumbahi lan nyetrikake pakaian-pakaiane. Uwis telu sasi, okeh tenan pelanggane. Akhire nyari uwong dadi pegawai untuk mbantu-mbantu Ibu lan Bapak.
Adel uwis kelas XII SMA lan berfikir untuk ngebantu wong tuwane. Adel nglumpukake botol-botol sing uwis ora dinggo lan isih apik kemudian menjual botol-botol kui mau. Dhuwit penghasilane ditabung dinggo wong tuwane. Aktivitas kui dilakoni Adel secara rutinitas lan ikhlas.
Wektu Adel kanggo ngelaksanakake Ujian Nasional ...
Satunggal sasi...
'' Alhamdulillaaah NEM e apik tenaan lan aku ketampa nening UGM ibuu, bapaaak '' meluk wong tuwane lan sujud syukur.
“ Alhamdulillaaah Nok”  ucap wong tuwane bahagia.
Adel saiki dadi mahasiswa UGM lan dadi pengusaha barang bekas sing sukses tenan. Mencari ilmu lan mendapat penghasilan seka jerih payahe dhewe.
Ora melupakan wong tuwane, Adel mbantu ngembangaken laundry nganti isa mbuka cabang nengendi-ngendi wae lan mbuka lapangan pekerjaan kanggo uwong-uwong.
Bapak, Ibu, Adel keluarga cilik sing ngalami legi paite kehidupan. Ora pantang menyerah ning suatu masalah lan saling ngebantu siji sama lain.
Sukses kui ora diraih bagai ngebalik telapak tangan saja, nanging karo kesadaran, ketekunan, keseriuan, doa, lan restu seka wong tuwa. Mulailah seka saiki, supaya masa depanmu gampang diraihe.









0 komentar:

Posting Komentar